AIDS
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
AIDS iku sindrom kumpulan manéka gejala lan infèksi minangka akibat saka karusakan spésifik sistem kakebalan awak amarga infèksi virus HIV ing menungsa.[1] . AIDS arupa akronim ing basa Inggris saka Acquired Immunodeficiency Syndrome utawa Acquired Immune Deficiency Syndrome ('sindrom dhéfisiènsi imun dapatan'). Jeneng virusé yaiku HIV, arupa singkatan saka Human Immunodeficiency Virus ('virus dhéfisiènsi imun manungsa' utawa 'virus panurun kakebalan manungsa'). Virus sing mèmper HIV ing spesies liya yaiku (SIV, FIV, lan liya-liyané).
HIV lan virus-virus sajinisé ditularké liwat kontak langsung antarané membran mukosa utawa ilènan getih karo cuwèran awak sing ngandhut HIV, kayata getih, semèn utawa banyu mani, cuwèran vagina, cuwèran preseminal, lan banyu susu ibu.[2][3] Transmisi utawa panularan iki bisa dumadi liwat hubungan seksual (vaginal, anal, uga oral), transfusi getih, dom suntik sing kena kontaminasi, ijolan HIV antarané ibu lan bayi nalika meteng, nglairaké utawa nyusoni, sarta kontak liya karo salah siji cuwèran awak kasebut.
[sunting] Réferènsi
- ↑ Marx, J. L. (1982). "New disease baffles medical community". Science 217 (4560): 618–621. PubMed.
- ↑ Divisions of HIV/AIDS Prevention. (2003). HIV and Its Transmission. Centers for Disease Control & Prevention. URL diakses pada 2006-05-23
- ↑ San Francisco AIDS Foundation. (2006-04-14). How HIV is spread. URL diakses pada 2006-05-23
[sunting] Pranala njaba
- (id)Situs web Komisi Pananggulangan AIDS Nasional
- (id)Yayasan AIDS Indonésia
- (id)Yayasan Spiritia — klompok dhukungan saumur déning lan kanggo wong sing nandhang HIV.
- (id)Portal Komunitas AIDS Indonésia
- (en)The Joint United Nations Programme on HIV/AIDS (UNAIDS)
- (en)International AIDS Society — asosiasi independen pakar HIV/AIDS internasional
Wikiquote basa Inggris gadhah kolèksi kutipan ingkang wonten gandhènganipun kaliyan AIDS
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.