Zeami
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Zeami Motokiyo (世阿弥 元清) ugi dipunsebat Kanze Motokiyo (観世 元清、1363 - 1443) punika aktor lan dramawan Jepang. Panjenenganipun nyerat punapa ingkang kedah dipunlampahi aktor Noh, lan ndamel pacakan teater Noh minangka wangun seni. Noh arupi jinis drama musik Jepang. Buku-buku Zeami mboten namung nelakaken pripun aktor mainaken peranipun, nanging ugi nyerat perkawis sajarah lan filsafat, adhedhasar budaya spiritual Jepang.
Bapanipun Zeami, Kan'ami (観阿弥), ugi aktor lan dramawan. Kan'ami kagungan teater piyambak lan keliling kaliyan anggotanipun. Panjenenganipun mulang kaprigelanipun marang Zeami. Bapa lan putra puniki arupi tiyang wigati ing teater Noh, lan ndamel Noh kados sapunika.
Nalika upados Kan'ami ngawontenaken pertunjukan kanggé Shogun Jepang, Ashikaga Yoshimitsu, sang Shogun nawani Zeami pendidikan lapangan. Zeami puniya priyantun bagus kanthi swantun saé, lan Yoshimitsu remen marang pasuryan lan bakatipun. sasampunipun nggantosaken bapanipun, lan dados pamimpin teater, Zeami teras nedahaken lan ngadhaptasi gayanipun dados Noh kados sapuniki. Campuran tèknik pantomim lan swantun, sampun narik Jepang laminipun atusan taun.
Artikel prakawis biografi tokoh puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |