Titik lebur
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Titik lebur saka sawijining barang padhet kuwi suhu barang kasebut bakal owah wujudé dadi barang cair. Suwaliké, yakuwi saka cair dadi padhet) disebut titik beku.
Ana ing sawetara barang, titik lebur lan titik beku biasané padha. Conto, titik lebur lan titik beku saka "raksa" yakuwi 234,32 kelvin (-38,83 °C utawa -37,89 °F) Nanging, sawetara subtansi liya duwé temperatur beku <--> cair kang béda. Conto "ager-ager", mencair ing suhu 85 °C (185 °F) lan mbeku ing suhu 32-40°C (89,6 - 104 °F); fenomena iki dikenal minangka hysteresis.
Sawetara barang liyané, kayadéné kaca, bisa dadi atos tanpa ngristal luwih dhisik; bab iki disebut amorphous solid
Ora kaya titik didih, titik lebur ora kapengaruh déning tekanan.