Tembung Rangkep
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Tembung Rangkep (Basa Indonésia: Kata ulang), kuwi sakabèhing tembung (senadyan mung sawanda), kang diwaca kaping pindho. Tembung Rangkep iki dibédakaké dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tembung Dwilingga
[sunting] Miturut owah orané lingga
- Dwilingga padha swara, yakuwi tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho. Contoné: ibu-ibu, bapak-bapak, ésuk-ésuk, ramé-ramé.
- Dwilingga salin swara, yakuwi tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda kang owah. Contoné: wira-wiri, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mréné.
[sunting] Miturut tegesé
Tembung dwilingga bisa dipérang uga mturut tegesé utawa dadiné, antara liya:
- Dadi tembung aran. Conto: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
- Dadi tembung kaanan. Conto: mangar-mangar, kelap-kelap, rintik-rintik.
- Mbangetaké. Conto: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
- Tansah. Conto: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé (tansah lali).
- Senadyan. Conto: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
- Wektu. Conto: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
- Paling. Conto: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.
[sunting] Tembung Dwipurwa
Tembung Dwipurwa kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang pisanan baé. Conto: dedunung, tetuku, lelaku, leluri.
[sunting] Tembung Dwiwasana
Tembung Dwiwasana kuwi tembung kang diwaca kaping pindho mung wanda kang kapindho (mburi. Conto: cekikik, cekakak, jelalat, mbedhudhug, jegègès,
[sunting] Delengen uga
[sunting] Wacan
- Kawruh Basa Jawa Pepak, Daryanto S.S., Penerbit Apollo Surabaya, 1999.
- Tata Bahasa Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. etal., Penerbit Media Abadi Yogyakarta, Cetakan Pertama Agustus 2005, ISBN 979-3525-50-9.
- Paramasastra Basa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setyanto, SH., Penerbit Panji Pustaka, Yogyakarta, Cetakan Pertama Agustus 2007, ISBN 979-25-2732-X.