Wikipedia:Sugeng Rawuh
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Wikipedia iku bauwarna mardika sing katulis kanthi bebarengan déning para pamirsa sing migunakaké. Situs iki WikiWiki, sing artiné sapa waé, klebu panjenengan, bisa melu cawé-cawé ngregengaké, nyunting, lan gawé artikel.
[sunting] Gegambaran Wikipedia
Ing Wikipedia iki, akèh katulis artikel ing manéka warna prakara. Kanggo bebua, panjenengan bisa liwat Kaca Utama. Saka kono bisa mlaku-mlaku golèk katrangan sing dikepingini. Ana kothak kanggo nggolèki apa sing panjenengan karepaké.
Ana kalané, panjenengan arep urun rembug prakara ing artikel tinamtu. Ing pérangan ndhuwur, panjenengan bisa ngeklik "dhiskusi" lan mènèhi saran utawa kritikan ing kaca kuwi (dudu ing kaca sing ana artikelé).
[sunting] Nyunting
saben wong éntuk nyunting lan ngowahi kaca-kaca ing Wikipédia (klebu kaca iki). Klik '"Sunting" ing pérangan dhuwur iku. Panjenengan ora kudu dadi wong pinter komputer yèn arep mèlu nulis ing kéné. Kanggo panyuntingan prasaja, panjenengan bisa mirsani katrangan ing Pitulung:Suntingan Prasaja.
Ana beciké yèn panjenengan uga mlebu dadi panganggo kacathet (dhaftar). Nanging kanggo nyunting, panjenengan uga bisa mèlu manawa ora dadi panganggo kadhaftar. Mung waé, alamat Internet Address panjenengan bakal kacathet.
Aja éwuh pakéwuh kanggo mèlu nyunting. Kabeh panganggo (klebu pangurus) mauné uga ora lanyah dolanan Wikipedia.
Wikipedia pancèn wis akèh nduwèni artikel (kira-kira 13.192 artikel), panjenengan isih tetep kaantu sumbangané kanggo miwiti kaca anyar utawa mbeneraké lan nglengkapi artikel-artikel sing wis ana.
kita nduwèni sawetara kawicaksanan lan pituduh sing bisa panjenengan pirsani. Utamané NPOV. Kabèh sumbangan tulisan kababar ing ngisoré lisènsi Lisensi Dokumentasi Bebas GNU (GFDL). Lisensi GDFL kagunakaké kanggo mesthèkaké yèn Wikipedia lan artikel-artikelé bisa kasebar kanthi mardika.
Sugeng nglaras
[sunting] Delengen uga
- Prakara Wikipedia
- Kaca pitulung kanggo panyuntingan, kepriyé miwiti kaca anyar, lan liya-liyané.
- FAQ Wikipedia - Pitakonan kang asring kawetu.
- Kawicaksanan lan pituduh.