Sitor Situmorang
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Sitor Situmorang (lair 24 Oktober 1924 ing Harianboho, Samosir, Sumatera Utara) kathi asma Raja Usu, punika satunggiling wartawan, sastrawan, lan penyair Indonesia. Ramanipun inggih punika Ompu Babiat Situmorang ingkang naté berjuang nglawan tentara kolonial Walandi sesarengan kaliyan Sisingamangaraja XII. Tahun 2006 Sitor minangka tokoh Indonesia ingkang kapilih pikantuk S.E.A. Write Award.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pendidikan
Sitor mlebet sekolah HIS wonten ing Balige lan Sibolga, MULO ing Tarutung, saklajengipun mlebet AMS wonten ing Jakarta. Naté lelana dhateng Amsterdam lan Paris (1950-1952). Taun 1956-57 Sitor memetri ilmu sinematografi ing Universitas California. Saksampunipun medal saking tahanan politik, Sitor manggèn wonten ing Leiden (1982-1990) lajeng Islamabad (1991).
[sunting] Pedamelan
Kariripun dipun wiwiti minangka wartawan harian Suara Nasional (Tarutung, 1945), Waspada (Medan,1947), Berita Indonesia, lan Warta Dunia (Jakarta, 1957). Sitor naté dados dosen Akademi Teater Nasional Indonesia (Jakarta), anggota MPRS saking kalangan seniman, Ketua Lembaga Kebudayaan Nasional (1959-65), lajeng dipun tahan déning pamaréntahan Orde Baru.
[sunting] Karya tulis
Karya Sitor ing antawisipun arupi
- Kumpulan cerpen Pertempuran dan Salju di Paris (1956) pikantuk hadiah sastra nasional 1955,
- Kumpulan sajak Peta Perjalanan pikantuk hadiah saking Dewan Kesenian Jakarta 1976,
- Otobiografi : Sitor Situmorang Sastrawan 45, Penyair Danau Toba (1981);
- Sejarah lokal: Toba na Sae (1993)
- Guru Somalaing dan Modigliani Utusan Raja Rom (1993).
[sunting] Ugi Pirsani
[sunting] Pranala Jawi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.