Singgih Hadi Mintardja
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
S.H. Mintardja, utawi Singgih Hadi Mintardja (Yogyakarta, 26 Januari 1933 – Yogyakarta, 18 Januari 1999), punika satunggiling pionir pengarang carios silat saking Yogyakarta. Salami gesangipun, S.H. Mintardja langkung kathah nyerat carios bersambung serial silat kanthi setting Kraton Mataram zaman Sultan Agung wonten ing sawetawis surat kabar. Kanthi sangu kawruh sajarah, dipun tambih Kitab Babat Tanah Jawi ( ingkang dipun serat mawi aksara Jawi), lajeng nglahiraken carios Nagasasra Sabuk Inten. Dongèng kanthi latar wingking Kraton Demak punika nglairkan tokoh Mahesa Jenar. Amargi carios Nagasasra ingkang 28 jilid punika dados misuwur lan dipun gandrungi déning para pamaos, kathah tiyang ingkang klèntu panampi lan nginten yèn tokoh Mahesa Jenar punika leres-leres maujud wonten sajarah Demak. Malahan, tim bal-balan asal Semarang lajeng dipun namèkaken Tim Mahesa Jenar. Mbokmanawi kanthi nami punika kiprah tim wau saged hébat kadosdéné Mahesa Jenar kanthi aji-aji "Sasra Birawa"-nipun ingkang ngédap-édapi.
[sunting] Karya
SH Mintardja sampun nyerat langkung saking 400-an buku. Carios sèri ingkang paling panjang inggih punika Api di Bukit Menoreh ingkang ngantos 396 buku. Ing ngandhap punika daftar sawetawis karya piyambakipun ingkang kondhang:
- Api di Bukit Menoreh (396 episode)
- Tanah Warisan (8 episode)
- Matahari Esok Pagi (15 episode)
- Meraba Matahari (9 episode)
- Suramnya Bayang-bayang (34 episode)
- Sayap-sayap Terkembang (67 episode)
- Istana yang Suram (14 episode)
- Nagasasra Sabukinten (16 episode)
- Pelangi Dilangit Singasari
- Hijaunya Lembah Dan Hijaunya Lereng Pegunungan
- Bunga di Batu Karang (14 episode)
- Yang Terasing (13 episode)
- Mata Air di Bayangan Bukit (23 episode)
- Kembang Kecubung (6 episode)
- Jejak di Balik Bukit (40 episode)
- Tembang Tantangan (24 episode)
- Mas Demang
- Mendung Diatas Cakrawala
[sunting] Ugi Pirsani
[sunting] Pranala Jawi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Artikel prakawis biografi tokoh Indonesia puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |