Sekul
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Sega mawi basa krama sekul inggih punika beras ingkang sampun dipungodhog utawi dipuntanak. Prosés nggodhog beras kasebat ugi ngliwet. Beras dipuntanak supados mbangkitaken aroma sekul lan ndadosaken langkung empuk nanging tetep kajagi konsistènsinipun. Ndamel sekul mawi toya ingkang kekathahen ing wekdal ngliwet badhé ngasilaken bubur.
Warna sekul ingkang sampun mateng (tanak) macem-macem gumantung saking jenis beras ingkang dipungunaaken. Umumipun, warna sekul punika pethak menawi beras ingkang kagunaaken warnanipun pethak. Beras abrit utawi beras ireng badhé ngasilaken warna sekul ingkang mèmper kaliyan warna berasipun. Kandhungan amilosa ingkang asor ing pati beras badhé ngasilaken sekul ingkang langkung transparan lan léngkét. Ketan, ingkang patinipun namung ngandhung sekedhik amilosa lan méh sedaya arupi amilopektin, nggadhahi sifat kados mekaten. Beras Jepang (japonica) kagem sushi ngandhung kadhar amilosa kirang langkung 12-15% saéngga sekulipun langkung léngkét tinimbang sekul ingkang dipunkonsumsi ing Asia Tropika, ingkang kadhar amilosanipun kirang langkung 20%. Umumipun, beras kanthi kadhar amilosa langkung saking 24% badhé ngasilaken sekul ingkang 'pera' (mboten lekat, atos, lan gampil kapisah-pisah).
Sekul dipundhahar sebagéyan ageng pendhudhuk Asia lan dados sumber karbohidrat utami ing menu sedinten-dinten. Sekul ingkang dados makanan pokok biasanipun dipuncawisaken sesarengan kaliyan lawuh ingkang saget nglengkapi raos lan ugi nglengkapi kabetahan gizi menungsa. Sekul saget dipunolah malih sesarengan kaliyan bahan makanan sanèsipun dados masakan énggal, kados sekul goréng, sekul kuning utawi sekul kebuli.
[sunting] Mangga ugi pirsani
- Pari
- sekul goréng
- sekul lemak