Prasasti Pakubuwana X
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Prasasti Pakubuwana X, punika dipundhèkèk ing gapura-gapura ingkang wonten tlatah Kasunanan Surakarta. Prasasti-prasasti punika kaserat ing warsa 1938.
[sunting] Alihaksara dhiplomatis
- kapařṅŋ iṅ karṣa daḷm śampeyan daḷm hiṅ
- kaṅ śinuhun hiṅkaṅ minulya saha hiṅkaṅ wicakṣa
- ṇa kaṅjĕṅ śuśuhunan phakhubhuwaṇa śeṇapati
- hiṅŋ alaga ŋabdurraḥman śayidin phaṇathagha
- ma hiá¹…kaá¹… kapiá¹… X hiyasa gaphura punika; hama
- řngi hiṅ dintĕn sĕnen wagé taṅgal sapisan. wu
- lan saban tahun jimmawal. oá¹…ka : 1869 : wu
- ku praṅbakat. dewi śri ; tulus. tuṅŋle ; wase
- sa sagara ; saṅgar wariŋin. wañci jam. 12 siyaṅ ;
- sinĕṅkalan. gaphura rinĕṅga samadyaniṅ praja ; hu
- tawi kapiṅ ; 26 ; september ; 1938 ; sinĕṅka
- lan. heá¹£á¹i huniá¹…Å‹a gaphuraniá¹… rathu ;;
[sunting] Alihaksara
Kapareng ing Karsa Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana Kangjeng Susuhunan Pakubuwana Sénapati Ingalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Ingkang kaping X ayasa gapura punika. Amarengi ing dinten Senèn Wagé tanggal sapisan wulan Saban tahun Jimawal angka 1869 wuku prangbakat Dewi Sri, Tulus, Tungle, Wasésa Sagara, Sanggar Waringin wanci jam 12 siyang. Sinengkalan: "Gapura rinengga samadyaning praja." Utawi kaping 26 September 1938, sinengkalan: "Esthi uninga gapuraning ratu."