Pranata cara acara qeqahan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
[sunting] Pranata Hadicara Qeqahan (Aqiqah) Bayi
Pangertosan pahargyan kasebat, inggih meniko acara tasyakuran ingkang katindakaken rikola angsal momongan enggal utawi kelahiran jabang bayi, adicara meniko ingkang katindakaken wonten dinten kapitu keetang saking kelahiran. Kangge murwakani adicara, pranata adicara langkung rumiyin saenipun mangertosi lan saget nerangaken lelampahan ingkang badhe dipun leksanaaken ngengingi babagan adicara meniko, kadosto :
- Bayi dipun dulang mawi ingkang manis (kurmo)
- Dipun paringi asma ingkang sae
- Saklajengipun nyukur rekmanipun lare
- Lan Aqiqah (injih meniko nyembelih mendo 2 menawi lare meniko jaler, lan 1 menawi lare meniko pawestri).
Conto pangandikan lan rantamaning adiacara mekaten :
Assalamu'alaikum Warohmadullahi Wa Barokatuh Ingkang kito hormati para sepuh, pinisepuh lan sesepuh, ingkang tansah dados pandam pandoming kawulo dasih, ingkang kinormatan bapak ustad ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci, ingkang boten supe tansah paring winarah babagan kautamen lan pangertosan babagan leluhuring budi, para rawuh kakung miwah putri ingkang tansah sinudarsono, Monggo kito sami ngunjuken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang sampun paring rokhmat sarto hidayah dumateng kita sedoyo, saenggo kanti kanikmatan meniko kito saget makempal wonten bale wismo ingkang dalu (siang) meniko nembe pinaringan kanugrahan momongan enggal
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Bali neng kaca Pranata Cara