Paus Bonifatius II
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bonifasius II | |
---|---|
Asma wiyosan | mboten dipunmangertos |
Wiwit njabat | 530 |
Dugi | 532 |
Dipundhisiki | Feliks IV |
Dipunterusaken | Yohanes II |
Miyos | tanggal mboten dipunmangertos papan mboten dipunamangertos |
Séda | 532 papan mboten dipunamangertos |
Paus bernama Bonifatius sanesipun | |
Catatan kaki {{{footnotes}}} |
Paus Bonifasius II (???-532) punika, ngasta jawatan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (530-532). Panjenenganipun punika wiyosan Ostrogotik, lan arupi Paus Jerman ingkang sepindah. Panjenenganipun pikantuk kalenggahan Paus amargi pangaruh Raja Gotik Athalaric. Bonifasius dipuntunjuk dados Paus déning ingkang ngrumiyini inggih punika Paus Feliks IV, ingkang arupi panyengkuyung kiyat saking Raja Aria, lan mboten naté nglampahi prosès pamilihan. Salaminipun kepausan Bonifatsus, wonten ugi Anti-Paus Dioskorus, ingkang dipunpilih déning mayoritas kaum rohaniwan ing Roma. Bonifasius lan Dioskorus sami-sami dipuntahbisaken ing Roma tanggal 22 September 530, nanging Dioskorus séda namung kalih dasa dinten sasampunipun.