See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Panjebar Semangat - Wikipedia

Panjebar Semangat

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Panjebar Semangat iku kalawarti (majalah) basa Jawa sing terbit pisanan 2 September 1933. Kalawarti iki isih tetep terbit minggon nganti saiki. Panjebar Semangat digunaaké dr. Soetomo kanggo nyengkuyung kamardikan Indonesia kanthi sesanti Suradira jayaningrat lebur déning Pangastuti.

Ing jaman nalika kababar, Panjebar Semangat dianggep ora lumrah amarga migunaaké basa Jawa ngoko. Soetomo, pangadeg Boedi Oetomo, nduwé panemu yèn basa ngoko bisa gampang diserep déning wong cilik lan luwih égalitèr. Sekawit, majalah iki dipimpin déning Imam Soepardi nganti sédané ing taun 1963. Saiki, Panjebar Semangat (kang asring dicekak dadi PS) kapimpin déning Moechtar.

Kalawarti iki klebu institusi pers paling tuwa sing isih urip tekan saiki ing Indonesia.

Majalah iki ing mangsa-mangsa awal mung bisa nyithak 2.000 èksemplar. Nanging ing taun 1936, Panjebar Semangat bisa nyithak 6.000-12.000. Mula ora anèh yèn kalawarti iki onja ing antarané médhia liyané.

Ing jaman Jepang, Panjebar Semangat kudu tutup sawetara wektu lan lagi bisa kacithak manèh ing taun 1949. Terbitané sansaya ndedel dadi 88.000. Ing taun 2000, majalah iki nyithak 20.000-an èksemplar.

Majalah iki kasebar ora mung ing Jawa utawa Indonesia waé, ananging uga nganti Suriname, Kaledonia Anyar, Malaysia, Thailand, Burma, lan Vietnam.



Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.


aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -