Logat Jawa Wétanan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ejaan Jawa Timuran pada karo Ejaan Jawa Baku, mung carane maca ana sing beda sethithik. Conto2 :
Ing Ejaan Jawa Baku tulisan ‘pitik’ diwaca ‘”piték”’. Cara Jawa Timuran iku diwaca “péték”.
Ing Ejaan Jawa Baku tulisan ‘gunung’ diwaca ‘”gunóng”’. Cara Jawa Timuran iku diwaca “gónóng”.
Ing Ejaan Jawa Baku tulisan ‘mulih’ diwaca ‘muléh’. Cara Jawa Timuran iku diwaca móléh.
Tulisan ‘ana pitik kuning durung bisa mumbul’ diwaca cara Jawa Tengahan dadi ‘ono piték kunéng duróng biso mumból’. Ing Jawa Timur macane : ‘onok péték kónéng dóróng biso mómból’.