Logat Jawa Kulonan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ejaan basa Jawa Kulonan beda banget karo Ejaan Jawa Baku lan pada karo ejaan basa Indonesia.
Aksara ‘a’ mung bisa diwaca a. Beda karo Ejaan Jawa Baku, aksara a bisa diwaca a, e, utawa o-jawa.
Aksara ‘u’ mung bisa diwaca u. Beda karo Ejaan Jawa Baku, aksara u bisa diwaca u utawa ö.
Aksara ‘i’ mung bisa diwaca i. Beda karo Ejaan Jawa Baku, aksara i bisa diwaca i utawa é.
Aksara o & e pada karo Ejaan Jawa Baku. Aksara o bisa diwaca ö utawa o-Jawa. Aksara e bisa diwaca e, é, utawa è.
Conto :
Tulisan ‘ana pitik kuning durung bisa mumbul’ diwaca cara Ejaan Jawa Baku dadi ‘ono piték kunéng duróng biso mumból’. Éng Jawa kulonan diwaca persis tulisane dadi : ‘ana pitik kuning durung bisa mumbul’