Kidung Sri Tanjung
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kidung Sri Tanjung iku karyané wong Banyuwangi. Carita iki kagolong carita legèndha payasaning kutha Banyuwangi. Saliyané iku, carita iki uga misuwur amarga bisa digunakaké dadi carita kanggo ngruwatan.
Caritané sing cekak kaya mangkene:
Ana sawijining satriya anama radèn Sidapaksa sing lunga saka panggonané, banjur ngèngèr, ngabdi marang ratu ing nagara Sinduraja. Banjur dhèwèké krama olèh Dèwi Sri Tanjung.
Sawijining dina, radèn Sidapaksa nepsu banget dikira slingkuh, garwané. Banjur Sri Tanjung celathu yèn menawa dhèwèké dipatèni, sing metu dudu getih nanging banyu arum, mula dhèwèké ora salah.
Tenan, Sri Tanjung dicubles, sing metu dudu getih sing mambu amis, ananging banyu sing wangi ambuné. Mula nganti saiki ibukutha Blambangan jenenge Banyuwangi.