Kali Litani
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kali Litani (Arab نهر الليطاني Nahr al-Līţānī; jeneng klasik: Leontes) kuwi sawijining jalur banyu wigati ing Libanon Kidul. Sumberé ana ing sisih kulon Baalbek ing lembah Beqaa kang subur lan mili menyang Segara Tengah, ing sisih lor Tirus, salah siji kutha paling gedhé ing Libanon. Kanthi dawané kang ngluwihi 140 km, kali iki minangka kali paling dawa kang sacara sakabèhané mili ing Libanon.
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |