Indiana Jones and the Kingdom of the Crystal Skull
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Indiana Jones and the Kingdom of the Crystal Skull |
|
---|---|
Poster ing bioskop |
|
Sutradara | Steven Spielberg |
Produser | Frank Marshall Denis L. Stewart George Lucas Kathleen Kennedy |
Panulis | Screenplay: David Koepp Carita: George Lucas Jeff Nathanson |
Paraga | Harrison Ford Shia LaBeouf Cate Blanchett Karen Allen Ray Winstone John Hurt Jim Broadbent |
Musik déning | John Williams |
Sinematografi | Janusz Kamiński |
Panyunting | Michael Kahn |
Distributor | Paramount Pictures |
Tanggal rilis | 22 Mei 2008 |
Durasi | 124 menit |
Negara | Amérika Sarékat |
Basa | Inggris |
Anggaran | US$185 yuta |
Bathi reged | $297,5 yuta (26 Mei 2008) |
Prekuel | Indiana Jones and the Last Crusade |
Situs web resmi | |
profil All Movie Guide | |
profil IMDb |
Indiana Jones and the Kingdom of the Crystal Skull iku sawijining film petualangan sains fiksi Amérika Sarékat sing dirilis tanggal 22 Mei 2008. Film iki disutradarani déning Steven Spielberg lan panulisané uga diréwangi déning George Lucas.
Sètting caritané ana ing taun 1957, film iki film kaping 4 ing siklus Indiana Jones film lan maragakaké Indiana Jones (Harrison Ford) sing wis luwih tuwa lan wicaksana. Lawan-lawané ing film iki yaiku para agèn rahasya Uni Sovyèt, sing dipimpin déning Irina Spalko (Cate Blanchett). Wong-wong Sovyèt sing komunis iki padha nggolèki cumplung kristal. Indiana Jones utawa dicekak Indy iki ditulungi déning manten pacaré Marion Ravenwood (Karen Allen), sawijining préman 'Mutt' Williams (Shia LaBeouf), lan para arkaéologis kancané kayata Mac (Ray Winstone). John Hurt lan Jim Broadbent uga meranaké kaum akadémi liyané.
Film iki ora dadi-dadi sawisé édisi sadurungé, yaiku film Indiana Jones 3 dibabar ing taun 1989 amerga Spielberg lan Ford mula-mulané ora sarujuk karo pilihané Lucas sing nganggo cumplung kristal minangka piranti plot. Wekasané syuting diwiwiti ing tanggal 18 Juni 2007.