Wikipedia:Gambar pilihan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kaca iki kanggo macak gambar-gambar sing naté dadi Gambar Pilihan. Gambar kapacak gonta-ganti saben sewulan pisan. Saben panganggo bisa ngajoaké gambar pinilih ing kaca dhiskusi. Syarat-syaraté:
- Gambar sing éndah, impresif, lan ngandhut informasi.
- Gambar / foto kudu ora nglanggar hak cipta.
- Yèn bisa, gambaré nganggo resolusi dhuwur.
[sunting] Gambar Pinilih saiki:
Garuda Pancasila (basa Jawa Garudha Pancasila) iku lambang negara Indonesia. Lambang iki awujud manuk garudha sing mawa tamèng binagi ing limang bagéyan. Tamèng iki nglambangaké dhasar negara Indonesia; Pancasila sing uga adhedhasar konsèp falsafi Buddha pañcasila.
Lambang iki diripta déning Sultan Hamid II saka Pontianak.