Dhialek Malangan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bab lan Paragraf |
[sunting] Dhialek Malangan
Sejatine basa Jawa dialek Malangan iki saklebatan ora ana bedhaning karo basa Jawa dialek Surabayan. Nanging ana ukara-ukara sing kirane ora pathi dimangerteni karo wong Surabaya dhewe.
Dhialek Malangan dipituturaken ing loring Malang Raya nganthi lor kali Lesti ing kecamatan Turen. Menawi Turen nganthi segara kidul nganggo Basa Jawa Mataraman utawa Kulonan.
Dhialek Malangan iki bedha karo basa walikan Malangan, perkarane basa walikan iku ibarate kaya basa gaul.
[sunting] Tetenger
Biasane dhialek Malangan iku ditengeri karo akhiran, "a" yen pitakon. Kayata
"Koen wis mangan, a?" = kowe wis mangan dhurung? "Gak eruh, a?" = Ora weruh toh?
Terus ana ungkapan "le'e" gawe yen nggunemake hal sing mungkin. Kayata
"Aku le'e eruh" = aku menawa weruh
[sunting] Ukara liyane
Yen ing basa Jawa Malangan, akeh ukara sing khas kana, kayata
- Amprin = pacar
- Ayem = mlempem
- Enggen = panggon
- Wanyik = wadon
- itreng = ngerti
- omilsaleb = limolas
- kaceb = becak
- nakam = mangan
- rudit = turu
- kanyab = okeh,akeh
- helom = mulih
- nganinde = menyang endi
- nileb = nyolong
- ibar = rabi
- uklam = mlaku
- utem = metu
- ngalup = mulih
- ukut = tuku
- tarus = surat
- Genok = ora ana
- Ganok = ora ana
- Henok = ora ana
[sunting] Mugi Pirsani
Balik ing: Basa Jawa