Basa Jawa Ngoko
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Basa Jawa Ngoko inggih punika pérangan Basa Jawi kanggé tutur-tinutur sesami kalih sesami. Basa Jawi piyambak dipun pérang dados pinten-pinten tataran, inggih punika ing antawisipun:
Bab lan Paragraf |
[sunting] Ngoko Lugu
Basa ngoko punika minangka tataran basa ingkang paling asor ing undha usuk basa Jawa. Ginanipun kanggé wicara ing antawisipun:
- Tiyang sepuh dhumateng laré enem
- Tiyang ingkang sadrajad
- Tiyang pangkat inggil dhumateng pegawénipun
- Ngunandika (wicara piyambakan)
Tuladha: B = Bapa A = Anak
- B: "Lho, kowé Di. Wayah apa tekamu? Rak ya padha slamet ta?" (Basa Ngoko Lugu)
- A: "Pangèstunipun Bapak, wilujeng. Kalawau énjing jam 9 anggèn kula dumugi ngriki". (Basa Krama)
[sunting] Ngoko Andhap
Ngoko Andhap dipun pigunakaken déning sinten kémawon ingkang sampun raket, nanging taksih silih ngurmati. Ngoko Andhap dipunpérang dados kalih, inggih punika Antya Basa lan basa Antya. Ngantos sapriki Ngoko Andhap Antya Basa taksih biasa dipunanggé lan prayoginipun dipunlestarèkaké. Déné Ngoko Andhap Basa Antya sampun awis-awis sanget kaanggé, malah sampun dipunanggep sirna.
[sunting] Antya Basa
Ngoko Andhap Antya Basa punika tembung-tembung ngoko dipuncampur nganggé tembung krama inggil kanggé nedahaken raos ngurmati. Ciri-cirinipun:
- Aku, tetep mboten éwah
- Kowé, kanggé tiyang ingkang dipunkurmati dipunowahi dados panjenenganmu, ki raka, kangmas.
- Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -é, -aké mboten éwah. Tuladha:
- A "Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?"
- B; "Wah, adhimas ki rada ngécé. Genah wis pirsa baé kok mundhut pirsa. Prèèn-prèèn mesthi baé nanjakaké prèèné. Yaiku menyang Jakarta".
[sunting] Basa Antya
Basa Antya dipunwangun saking basa Ngoko dipuncampur nganggé tembung-tembung Basa Krama lan Krama Inggil. Ciri-cirinipun:
- Aku, tetep mboten éwah
- Kowé, sami kaliyan Antya basa, dipunéwahi dados panjenenganmu, ki, raka, kangmas, sliramu, keng slira, adhi, adhimas
- Ater-ater dak-, ko-, di- , mboten éwah
Tuladha: "Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana pedhot-pedhoté".
[sunting] Madya Ngoko
Basa Madya Ngoko punika tembung-tembungipun saking basa Madya nanging dipuncampuri sawetawis tembung saking basa Ngoko ingkang mboten wonten tembung madyanipun. Basa punika taksih biasa dipun anggé déning tiyang dhusun utawi tiyang-tiyang pagunungan. Ciri-cirinipun:
- Aku, dados kula
- Kowé, dipunéwahi dados dika
- Ater-ater tak- dipunéwahi dados kula
- Ater-ater ko- dipunéwahi dadi dika
- Ater-ater di- mboten éwah
Tuladha:
- A: "Pundi woh-wohané sing becik-becik niku?"
- B: "Niku napa kirang becik?"
[sunting] Mugi mirsani
- Basa Krama Madya
- Basa Krama
- Basa Kedhaton
[sunting] Waosan
- DR. Aryo Bimo Setyanto, SH, Parama Sastra Bahasa Jawa, Panji Pustaka Yogyakarta, Cithakan pisanan Oktober 2007 ISBN 979-25-2732-X
- Dr. Purwadi, M.Hum.,et al, Tata Bahasa Jawa, Media Abadi Yogyakarta, cithakan pisanan Agustus 2005, ISBN 979-3525-50-9