Èlmu
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Èlmu saget ateges prosès ngangsalaken pengetauan, utawi pengetauan kaorganisasi ingkang dipunupados mawi prosès kasebat. Prosès kaèlmuan inggih punika cara ngangsalaken pengetauan sacara sistematis perkawis satunggaling sistem. Asil sistematis puniki umumipun arupi metode ilmiah, lan sistem kasebat umumipun inggih punika alam semesta. Ing pangertosan puniki, èlmu asring sinebut sains.
Nanging, èlmu saget ugi maknanipun bènten kaliyan pengertosan sains. Ing masarakat Indonésia, asring kapireng istilah "èlmu hitam", inggih punika èlmu ingkang nggadhahi konotasi awon, umpaminipun nggadhahi makna èlmu ingkang muncul saking kekiyatan gaib kanthi tujuan kanggé tumindak ala.
Èlmu saget kagolongaken miturut cara puniki,
- Humaniora
- Èlmu sosial
- Èlmu pasti (èlmu kanthi teges ingkang langkung ketat)
- Èlmu terapan (rékayasa)
- Matematika
- Èlmu alam
- Èlmu kedhokteran lan farmasi
Kedah dipuncathet bilih pamisahan puniki adhedhasar konsép filsafat Nagari Kilèn. Teologi, bagéyan sanès saking pengetauan menungsa, mboten kaanggep ilmiah saéngga kapisahaken.
Èlmu pasti nyinaoni alam, matematika, lan teknologi, menawi èlmu sosial nyinaoni prilaku menungsa lan masarakat.
Téori "ilmiah" nggadhahi sifat objektif – saget kabuktèaken sacara empiris – lan "prediktif" – nginten asil empiris ingkang saget dipunpriksa, lan temtu kémawon saged ugi kosokbalèn.
Sapérangan panemon kaèlmuan saged counter-intuitive sanget. Téori atom umpaminipun, nedahaken bilih prongkalan granit ingkang katingal awrat, atos, lan padhet nyatanipun arupi kombinasi subatomik kathah partikel ingkang setunggal kémawon mboten nggadhahi sifat-sifat kasebat, ingkang éwah cepet sanget ing setunggaling ruang ingkang méh kosong.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pemodhélan, téori, lan hukum ilmiah
Artikel utama: metode ilmiah
Istilah "modhél", "hipotesis", "téori", lan "hukum" ngandhet artos ingkang bènten ing kaèlmuan saking pamahaman umum. Para ilmuwan ngginaaken istilah model kanggé njelasaken setunggaling prekawis, sacara khusus ingkang saged kaginaaken kanggé ndamel kintenan ingkang saged kauji déning pacobèn/ékspérimèn utawi pangamatan. Setunggaling hipotesis inggih punika kintenan-kintenan ingkang dèrèng kadhukung utawi kabuktèaken déning parcobèn, lan Hukum fisika utawi hukum alam inggih punika géneralisasi ilmiah adhedhasar pangamatan empiris.
[sunting] Filsafat ilmu
Artikel utami: Filsafat ilmu
Kaèfèktifan èlmu sampun ndadosaken subyék kanggé kathah spékulasi filsafat. Filsafat èlmu kamaksudaken kanggé mahami watak lan paleresan pengetauan ilmiah, sarta implikasi ètikipun.
[sunting] Matématika lan métode ilmiah
Matématika penting sanget kanggé kaèlmuan, utaminipun peran matématika ngèksprèsiaken modhél ilmiah. Ngamati lan ngempalaken asil-asil pangukuran, kados ndamel hipotésis lan kintenan, mesthi mbetahaken modhél lan èksploitasi matématis. Cabang matématika ingkang asring kaginaaken ing kaèlmuan antawisipun kalkulus lan statistika, éwadéné saleresipun sedaya cabang matématika nggadhahi panerapanipun, "bahkan" bidhang "murni" kados téori bilangan lan topologi.
Sapérangan pamikir mastani matematikawan punika ilmuwan, kanthi anggepan bilih pambuktèn-pambuktèn matématis sami kaliyan pacobèn. Sabagéyan sanèsipun mboten nganggep matématika punika èlmu, amargi mboten mbetahaken uji-uji ékspérimental ing téori lan hipotesisipun. Nanging, ing wingking kalih anggepan punika, kasunyatan pentingipun matématika dados alat ingkang migunani sanget kanggé nggambaraken/njelasaken alam semesta sampun dados isu utami kanggé filsafat matématika.
Pirsani Eugene Wigner, The Unreasonable Effectiveness of Mathematics.
Richard Feynman ngendikaaken, "Matématika punika mboten nyata, nanging krasa nyata. Ing pundi papanipun?", éwadéné Bertrand Russell remen sanget ndhéfinisèaken matématika punika "subyék ingkang mboten naté kita mangertos punapa ingkang saweg kita dhiskusèkaken, lan kita mboten mangertos ugi kaleresanipun."
[sunting] Bidhang-bidhang kaèlmuan
[sunting] Èlmu alam
- Fisika
- Akustik
- Astrodinamika
- Astronomi
- Astrofisika
- Fisika Atom, Molekul, lan Optik
- Biofisika
- Fisika komputasi
- Fisika bahan padhet
- Cryogenics
- Dinamika
- Dinamika fluida
- Fisika bahan
- Fisika matématis
- Mékanika
- Fisika inti
- Optik
- Fisika partikel (utawi fisika ènèrgi inggil)
- Fisika plasma
- Fisika polimer
- Dinamika kendaraan
- Kimia
- Kimia analitik
- Biokimia
- Kimia komputasi
- Elektrokimia
- Kimia anorganik
- Èlmu bahan
- Kimia organik
- Kimia fisik
- Kimia kuantum
- Spektroskopi
- Stereokimia
- Termokimia
- Biologi
- Anatomi
- Antropologi fisik
- Astrobiologi
- Biokimia
- Bioinformatika
- Biofisika
- Botani
- Biologi sel
- Kladistika
- Sitologi
- Biologi pertumbuhan
- Ekologi
- Entomologi
- Epidemiologi
- Evolusi (Biologi evolusioner)
- Biologi pertumbuhan evolutioner ("Evo-devo" utawi Evolusi pertumbuhan)
- Biologi toya tawar
- Genetika (Genetika populasi, Genomika, Proteomika)
- Èlmu kaséhatan
- Kedhokteran waja
- Kedhokteran
- Farmakologi
- Hematologi
- Imunoserologi
- Toksikologi
- Kedhokteran kèwan
- Onkologi (èlmu kanker)
- Histologi
- Imunologi
- Biologi laut
- Mikrobiologi
- Biologi molekul
- Morfologi
- Èlmu saraf
- Ontogeni
- Patologi
- Fikologi (Algologi)
- Filogeni
- Fisiologi
- Biologi struktur
- Taksonomi
- Virologi
- Zoologi
[sunting] Èlmu sosial
- Antropologi
- Ekonomi
- Linguistik (Èlmu basa)
- Èlmu politik
- Psikologi
- Analisis prilaku
- Biopsikologi
- Psikologi kognitif
- Psikologi klinis
- Psikologi pertumbuhan
- Psikologi pendidikan
- Psikologi èksperimèn
- Psikologi forensik
- Psikologi kaséhatan
- Psikologi humanis
- Psikologi industri lan organisasi
- Neuropsikologi
- Psikologi kapribadian
- Psikometri
- Psikofisika
- Psikologi sénsasi lan persépsi
- Psikologi sosial
- Sosiologi
[sunting] Èlmu terapan
- Èlmu komputer lan informatika
- Èlmu komputer
- Informatika
- Èlmu kognitif
- Cybernetics
- Systemics
- Rékayasa
- Rékayasa pertanian
- Èlmu pertanian
- Èlmu biomedik
- Rékayasa listrik
[sunting] Téma ingkang nggadhahi sesambetan
- Organisasi lan prakték èlmu: International Council of Science (ICSU) .
- For an understanding of how these fields came to be: History of Science and Technology .
- Pirsani ugi ilmuwan kanggé katalog tiyang-tiyang ingkang berkecimpung dalam bidangnya.
[sunting] Mangga ugi pirsani
- Téori dhasar èlmu
- Sajarah èlmu
- Junk science
- National Science Foundation (USA)
- Patafisika
- Èlmu patologik
- Protoscience
- Pseudoscience
- Sains Ageng
- Science education
- Scientific enterprise
- Scientific misconduct
- Scientific materialism
- Scientific method
- Scientific revolution
- The relationship between religion and science
- List of publications in science
- List of scientific howlers in literature
[sunting] Pranala njawi
- Dictionary of the History of Ideas: Classification of the Sciences
- Wikibooks - GSCE science textbook
- Daily Science News
- Internet-Encyclopedia March 14, 2003, alphabetized and ordered list of sciences adapted from the Internet-Encyclopedia article, "Science"
- Forum Sains